Cari Blog Ini

Minggu, 09 Oktober 2011

sepenggal suluk Wujil yang ditulis Sunan Bonang

Utamaning sarira puniki Angrawuhono jatining solat Sembah lawan pujine Jatining solat iku Dudu ngisa tuwin magerib Sembayang araneka Wenange puniko Lamun aranono solat Pan minangkan kekembanging solat daim Ingaran tata krama Endi inggaran sembah sejati Aja nembah yen tan katingalan Temahe kasor kulane Yen siro nora weruh Kang sinembah ing dunyo iki Kadi anulup kaga Punglune den sawur Manuke mangsa kenaa Awekasa amangeran adam sarpin Sembahe siyo-siyo Pangakbetine ingkang utami Nora lan waktu sasolahire Punika mangka sembahe Meneng muni piniko Sasolahe raganireki Tan simpang dadi sembah Tekeng wulunipun Tinja turas dadi sembah Iku ingaranan niyat kang sejati Puji tan papegatan //

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silahkan meninggalkan komentar anda di kolom yang telah kami sediakan.......